Rasa Tepaselira
Rasa Tepaselira
Jaman saiki pancen wis beda
Jagad pasrawungan sing bawera
Wis adoh saka sa-rumangsa
Adoh saka pituture wongtuwa
Yen ora gelem dijiwit aja njiwit
Yen ora gelem dilarani aja nglarani
Kabeh iki sedulur kabeh iki kanca
Ayo nggugu piwelinge wongtuwa
Sing rukun aja cecongkrahan
Aja poyok-poyokan
Ngajeni marang wong liya
Kanggo raharjane nusa lan bangsa
Nalika Padhang Rembulan
Wengi kang sepi
Daksawang langit rembulane padhang
Pating kerlip cahyane lintang-lintang
Keprungu swara angkup
Swara walang saka kadohan
Nyawang cahyane rembulan
Tanduran kembang ing taman
Keprungu tembang kasmaran
Kelingan esemmu lan sunar netramu
Kapan bisa ketemu?
Paramarta, Bantul, 21 September 2018
[1] Disalin dari karya Sri Wijayati
[2] Pernah tersiar di surat kabar “Kedaulatan Rakyat” edisi Minggu 7 Oktober 2018