Dakluru Tekan De Laxton

Karya . Dikliping tanggal 31 Desember 2018 dalam kategori Budaya Jawa, Cerkak, Kedaulatan Rakyat

THING-THUNG, thingthung, thing-thung…..”. Keprungu suwara HP sing gemlethak ana ing meja. Nalika iku Nastiti lagi wae rampung olehe salat Maghrib. Sawise nglempit rukuh, sikile alon-alon jumangkah marani meja saperlu njupuk HP. Kamangka mau wis ngrancang, bubar salat arep leyehleyeh neng teras karo ngisis merga pancen hawane sumuk.

“Ana WA seka mas Dian, kabar apa ya?” Atine dadi kemrungsung merga mas Dian mono punggawa dinas. Mula HP iku banjur dibukak. “Ces.. ” Atine dadi ayem bareng wis ngerti isine, karya tulise bisa lolos. WA diwaca nganti tutug, pepuntone kejaba kabar ngenani karya tulis mau, uga sisan undhangan kanggo patemon para susastra. Atine rada goreh, sebab dheweke isih duwe perkara sing kudu digoleki jawabane.

Nastiti banjur mbacutke rencangane sakawit, lungguhan ana ing teras. Sinambi nyawang tetandurane sing diopeni saben dina. Aglaonema Lei Leuwan warna pink katon subur sajak ngesemi sing ngrumat, ketlorong lampu teras dadi sangsaya ayu citrane.

Nyumurupi tetandurane padha ngawe-awe, Nastiti nyelehake HP ne ana meja teras. Nuli menyat, mlaku ngubengi tetanduran. Tangane ngeluselus kabeh tandurane. “Selamat malam tanaman-tanamanku yang cuantiiik, sehat selalu ya, aku mencintaimu, aku sayang kamu, kalian semuuuuaaah?” Kandhane alon karo ngelus-elus tetanduran mau. Mungguhing Nastiti, tetanduran iku uga padha mesem manis lan padha ngaturake agunging panuwun marang dheweke sing saben dina ora lali ngupakara. “Terimakasih mbak Nastiti yang baik hati, kami juga cinta dan sayang padamu, muuuah” Kandhane si Aglaonema Leu Leiwan karo mesem mamerake godhonge sing seger ayu, warna pink trotol putih, pinangka makili kanca-kancane.

“Sesuk-esuk kowe kudu megar mekrok ya? Aku kepengin motret ayumu, arep tak upload neng status androidku, oke?” Kandha ngono Nastiti karo mesem lan ngambung kuncup kembang Ceplok Piring sing warnane putih angganda arum, nuli ganti ngelus-elus kuncup kembang Adenium Troya sing warnane putih pinggire abang nantang.

Mbokmenawa yen ana pawongan kang krungu guneme Nastiti, bisa ngarani yen saiki Nastiti wis owah, wis ora nggenah, nganti tetanduran wae diajak omong, persis kaya wong ora waras.

Miturut Nastiti, kabeh titahe Gusti kalebu tetanduran lan sato kewan bisa diajak guneman. Yen ditresnani uga bakal aweh piwales kang becik marang sing nresnani.”Percaya luweh ora ya luweh, aku ora butuh berdondi, ana sing percaya ya kena, dene yen ana sing maido ya sak karepke, ora penting kanggoku ” Ngono ujare Nastiti nalika ana sing nanjihake lan sajak maido.

“Delengen buktine! Aku nresnani tetanduran, dheweke uga saben ndina padha uluk salam, ana sing mekroke kembang, ana sing aweh ganda arume, ana sing ngawe-awe krana godhonge kang seger, uga godhonge sing maneka warna, ana sing kombinasi pirang-pirang werna. Bisa ngrerujit ati, marai kangen lan kudu ketemu”

Bareng wis tutug Nastiti lungguh leyeh-leyeh. Pikire temlawung ing angkasa. Mabur nututi playune mega kang kegawa maruta. Jumujug mlayu mengetan, ngences rada mengalor, ngener Kutha Ngayogjakarta kang endah ngujiwat. Ing wanci bengi katon sansaya ayu. Lampu-lampu mercury kang pating clorot, ngalahake sunare lintang ing angkasa.

Gleg! Ing dalan Urip Sumoharjo mandheg, mlebu lurung gedhe. Ana tulisan kang kapacak miring, nuduhake yen papan kuwi hotel De Laxston. Ana ing sangarepe hotel, ana pawongan loro kanthi seragam biru dongker, mbuh seragam apa ora penting kanggone Nastiti. Tumuli dheweke mlebu ana ing ruwangan patemon merga mbak Ning mitrane wis ngawe-awe. Ruwangan kang adhem, resik, aganda amrik lan bawera. Dikebaki dening para susastra saindhenging tlatah Ngayojakarta.

Tekane pancen rada randhat, mula age lungguh jejer mbak Ning kang wis wiwit mau ndherek wiwahan pambuka temu sastra. Mbak Ning pancen wis nyisihake kursi siji nyepaki papan lungguh mitrane sing wis suwe dikangeni.

Nastiti nata ati, nata napas nuli nyawang ana ngarep. Ambegan landhung tandha lamun atine wis tumata. Nyawang satleraman, papan iki pancen kepenak tenan, ora sumuk ya ora adhem njekut, gawe ayem sing mapan.

Pamedhar sabda sajake wis wiwit mau. Katitik wis diacarani pitakonan. Keprungu suwarane salah sawijine pamundhut pirsa, mak nyat atine Nastiti kaget. Ngapa? Krungu suwarane pamundhut pirsa mau, kaya suwara sing wis asring banget dirungu. Yaiku suwarane mitra susastra, mung bedane, piyambake luwih pinunjul. “Oh sang Maestro? Dheweke diaturi tindak mrene? Kamangka ora pidalem neng Yogya! Apa iki patemon sa Jawa?”

Bener pandulune, pancen iki patemon para susastra sa Jawa, kabukten ana sing seka Surabaya, Semarang, Tegal lan si Maestro kuwi genah seka Temanggung. Atine Nastiti dadi mongkog, ancase, ing adicara cofee break kudu nemoni Maestro. Karepe? Ora liya arep takon. Yaiku pitakon sing wis ditakokake marang wong sa akehakehe. Ananging, kadhangkala malah ana sing nggeguyu.

“Banjur arep takon apa nek wis ketemu nyong?” Pitakone Maestro sajak nantang. Nastiti mesem. Nastiti durung aweh jawaban, kesusu Maestro takon maneh.

“Kaya sing nggon WAwingi pa? Nek kuwi sing mboktakokake, sepisan meneh nyong ora bisa wangsulan”

“Sssssst” Nastiti aweh sasmita kanthi nutup lathi nganggo driji. Maestro mesem, nuli rogoh-rogoh sak klambi. Nastiti ngulatake kedhep tesmak.

Dakluru Tekan De Laxton“Nyoooh..” Kandhane Maestro karo ngulungake kothak cilik. Nastiti wis apal, kothak cilik iku wadhah permen sing tansah semimpen ing sak klambine, jare dhek semana kanggo cegah kecute tutuk merga nglereni olehe ngrokok. “Jare mbiyen mung kanggo tamba ben ora kecut, kok malah saiki dadi nyandu?” Nastiti nyaruwe karo ngguyu. Sing disaruwe malah ngakak. “Ealah, wong urip kok kebak ing pangungkung, ngrokok ora oleh jare ngganggu kesehatan, nyebabake kanker lan nggugurake kandhutan bayi, kamangka aku durung ngandhut jew…” Guyune Maestro sansaya ngakak, njalari pasarta liyane nyawatake pandulu.

“Wis, uwis, aku iki wiwit dhek emben rak arep takon ta? Tekan seprene, aku isih pijer muyer, kepengin mangerteni sejatine urip, karo awakku dhewe wae aku iki isih durung paham”

“Terus pitakon kuwi mau sampeyan gawa mrene? Neng hotel De Laxston kiye? Mbok takokake nyong ? Apa rumangsamu, nyong luwih pinter? Ora babar pisan Tik, aku mung sak level karo dhik, mung beda sak usap, bedane nyong lanang adhik wadon…” Krungu tembunge Maestro pasarta liyane padha noleh, terus dhehem-dhehem.

“Eheemm, eheeemmm, eheemmm!”. Byar! Nastiti buyar lamunane, merga ana wong dhehem liwat lurung ngarep omahe.

“Ngapa mbak Tik kok isih klintongklintong nglilingi tamanane, durung ngantuk pa?” Pitakone mbah Min kang liwat. Nastiti gragapan, nuli mangsuli sa kenane. “Wah dereng ngantuk je mbah Min, saking pundi ta niki ndalundalu kok saking kilen niku?”

“Ha kuwi mbak Tik, wetenge luwe kok arep maem rasane sebah, klintongklintong neng warung golek Indomi rebus, campuri sawi karo lombok loro wae mengko rak bisa melekke mripat”. Nastiti ngguyu krungu jlentrehe mbah Min. ❑- c

AB – 051118 – NS

(Pangripta, sutresna satra lan budaya Jawi, guru IPA SMPMuhammadiyah 6 Yogyakarta).


[1] Disalin saka karya-tulis anggitane Ngatilah SPd
[2] Wus nate den siarake ing layang-kabar “Kedaulatan Rakyat” edhisi Ngaad 30 Desember 2018