Dasa Pitutur Kanjeng Sunan

Karya . Dikliping tanggal 4 Februari 2019 dalam kategori Budaya Jawa, Kedaulatan Rakyat

BLEGERE Kanjeng Sunan Kalijaga ora bisa dipisahake kelawan wayang kulit purwa. Putra Tumenggung Wilwatikta bupati Tuban iki, uga kaloka minangka pangripta tembang Ilir-ilir. Wayang sagamelane ing jaman Sunan Kalijaga, minangka sarana kinarya dakwah nyebarake agama Islam. Mula ora sethithik, jeneng-jeneng wayang kang kajupuk saka basa Arab. Kejaba iku, Kanjeng Sunan uga kaloka yen panjenengane kang nyipta gamelan patang pangkon, yaiku Kanjeng Kyai Nagawilaga, Gunturmadu, Kyai Sekati, lan Nyai Sekati.

Kang ora kalah anggitane wujud susastra, yaiku wewarah Dasa Pitutur, wewarah kuna nanging bisa ditrapke ing jaman kapan wae. Saweneh pangajab saka wewarah iki, supaya urip iki darbe makna lan teges kang gumathok lan utama. Dene Dasa Pitutur mau, yaiku :

Urip iku Urup

Tegese, yen bisa, urip iku urup, utawa murup, bisaa urupe madhangi kanggo wong liya. Tegese aweh supangat tumrap wong liya. Teges liya saka urup yaiku candrane geni, bisa matengi rembug kang isih mentah. Diajab wong urip bisa ngrampungi bab kang durung udhar.

Memayu hayuning bawana, ambrasta dur hangkara

Yen bisa, urip mono nengenake marang kabagyan, kaslametan,lan (luwih utama), yen bisa mbrastha reretuning jagad, tindak dur angkara budi candhala, srakah ngangah-angah.

Sura dira jayaningrat, lebur dening pangastuti

Watak ngungasake kaprawiran, anyenyamah sapadha-padha iku mung bisa luluh, dening sipat anoraga, lembah manah.

Nglurug tanpa bala, menang tanpa ngasorake, sekti tanpa ajiaji, sugih tanpa bandha

Utamane, yen pancen tanggon jroning ngrampungi prekara, wani ijen padha ijen, ora kruyukan. Senajan olehe tetandhingan sasab, nanging ora ana kang rumangsa diasorake. Tumrap wong menehi pitutur, senajan keslentik, nanging ora runtik. Nganggo cara aris bisa rampung, ora prelu nganggo pethenthengan. Ukara iki meh saemper kelawan wewarahe Jaka Pring utawa Mandhor Klungsu, RM Sosrokartono, kanthi sesantine: Sugih tanpa bandha, menang tanpa ngasorake, nglurug tanpa bala, digdaya tanpa aji.

Datan serik lamun ketaman, datan susah lamun kelangan

Adhedhasar Quran, kabeh kang dumadi ing madyapada iki embuh kepriye kedadeyane, seneng susah iku yekti wus ingidinan lan saka kersa dalem Allah SWT. Mula, yen kalamangsane kelangan bandha apa nyawane kulawarga utamane, ditampa kanthi tawakal lan legawa.

Aja gumunan, aja getunan, aja kagetan, aja aleman

Aja gampang ewa, kesengsem kang leluwihan, kang kumethip ing alam donya iki, sipate mung sagebyaran, lan ora langgeng. Kabeh bakal lelabuh ing sungapaning kapurnan.

Aja ketungkul marang kalungguhan, kadonyan lan kamareman

Ing sawijining wektu, kalungguhan iku bakal linorot, ginanti dening wektu, merga wus tekan titi wancine, aja cethil marang melik, menehana boga wong kaluwen, menehana dana marang wong mbutuhake, marem iku ora ana puntone.

Aja kuminter mundhak keblinger, aja cidra mundhak cilaka

Wong kang kuminter, padatan keweleh dening bodhone. Wong kang kuminter, tandha yen bodho. Dhemen cidra, tandha kekemul watak lamis, lan racake adoh saka sipat prasaja. Yen wus ngono, padatan ngundhuh kacintrakan saka watak lamise.

Aja milik kang melok, aja mangro mundhak kendho

Aja gampang kasengsem marang samubarang kang endah lan merak ati, lan aja tumindak, kang kanthi sangu rasa sumelang lan ora manteb, mundhak kasile kurang maremake.

Aja adigang, adigung, adiguna Adigang, rumangsa darbe panguwasa.

Adigung, rumangsa gumedhe. Adiguna, rumangsa sekti mahambara. Telu-telune watak kang ora pinuji. Wong kang nganggo watak kaya ngono padatan didohi wong akeh, awit sok nyenyamah marang sepadha-padha. Sapa sira, sapa ingsun ngungasake kaprawirane. ❑-c

Ki Soegiyono MS, mapan ing Dhusun III Ngestiharjo Wates, Kulonprogo


[1] Disalin saka karya-tulis anggitane Ki Soegiyono MS
[2] Wus nate den siarake ing layang-kabar “Kedaulatan Rakyat” edhisi Ngaad 3 Februari 2019