Gothang

Karya . Dikliping tanggal 11 Desember 2018 dalam kategori Budaya Jawa, Cerkak, Kedaulatan Rakyat

MINGGU esuk kaya adat saben aku ngombe kopi kang dicawisake Dhik Nurul sinambi maca kalawarti kasenenganku Kartika Sari kang isi wacan babagan sastra Jawa. Dumadakan nemu tulisan kang irah-irahane cetha katulis gedhe Prawan Tuwa dening Sekar Arum ing rubrik cerkak. Maca jeneng Sekar Arum atiku krasa trataban ora karu-karuwan, apa maneh ndeleng irah-irahanne. Dakgatekake temenan anggonku maca. Kaya-kaya aku dhewe melu dadi bageyane crita ana kono, rong puluh taun kepungkur.

Mbeneri preinan dawa, prei riyaya lan sekolah digabung mangkono aku mesthi nyelakake mulih, mudhik. Tilik ibu lan kulawarga kang daktresnani. Mulih ana kutha Yogya kutha kang daktresnani, kutha kang daktitipi kembang atiku uga. Sawise telung taun ana Kalimantan golek sandhang pangan, klumpuk-klumpuk, aku duwe ancas kejaba tilik kulawarga uga kepengin nembung gegantilaning atiku kang wis suwe dakndhem. Sasuwene iki mung kanca kenthelku, Fuad lan Kang Fadlan kakangku kang ngerti. Wong loro dakwenehi ngerti karo sisan dakjaluki tulung ngawat-awati wanita kang daktresnani senajan aku lan dheweke durung ana iketan apa-apa. Mung ngawekani aja nganti kedhisikan wong liya.

Sejatine pambijiku ora kleru, akeh pinisepuh kang biji Dhik Sekar wanita kang ayu. Mestine dudu marga rupane thok nanging uga merga solah bawane. Kepiye ora ayu ana ing jaman kang modern, cah nomnom dha mburu dolan, paesan werna-werna solahe. Dene Dhik Sekar tetep kalem, prasaja.

Wis telung taun aku ngampet ora ketemu wadon ireng manis gegantilaning atiku. Nyabrang segara minangka PNS ana Kalimantan supaya bisa nyenengake ibu lan kulawarga uga kepengin mantesake sesandhingan karo Dhik Sekar.

Malem Jumat Kliwon, pas padhang bulan, bengi kang ndakanti-anti wis tekan mangsane, Pakde Warno lan Kang Fadlan dakjaluki tulung nembung Dhik Sekar. “Neng ngomah wae, wis ta pasrahke Pakde, beres!” ngendikane Pakde sinambi nepuk pundhakku.

“Nggih, Pakdhe”, wangsulanku sinambi ngaras tangane Pakde, aku ora kuwawa ngampet tangis amarga rasa seneng, kangen, pangajab supaya bisa mengku Sekar dadi siji.

***

“Ngene Le Jatmika, aku mau wong loro tokkongkon ya wis Alhamdulilah tekan kana, wis ketemu wongtuwane Sekar. Nanging sing sabar kana durung bisa menehi jawaban arep takon Sekar dhisik. Arep ditakoni langsung ndak kaget merga Sekar lagi nggarap skripsi. Dene aku mangsuli pokoke saguh ngenteni sarampunge kuliahe, sabar ora kesusu. Gampang cekake ngono kuwi Le, Bu Lik.” Ngendikane Pakde kanthi gamblang. Aku mung ngrungokake sinambi sukur sak ora-orane isih ana pangarep-arep ditampa.

Ora krasa wis suwe ngenteni preinan semesteran. Kaancas aku balik ana Yogya mbaleni rembug. Gandheng preine mung sedela aku cekat-cekat njaluk tulung Pakde lan Kang Fadlan. Wong loro bali maneh ana omahe Sekar, dene aku nekad melu. Ora sranta pengin weruh Dhik Sekar lan krungu langsung jawabane.

“Assalamulaikum,..kulanuwun.” Pakde Warno manteb uluk salam

“Waalaikum salam, mangga, mangga pinarak.” Wangsulane Ibune Sekar sinambi ngacrani lenggah banjur menyang mburi ngaturi bapake Sekar. Mripatku tumuju marang foto gedhe wanita ayu kang nyandhang wisuda. Fotone Dhik Sekar, kang nambah manteping atiku kepengin ndang takwengku.

“Nggih matur Dhimas sa kulawarga kula sekalian sowan sepisan silaturahmi, kaping kalihipun bade nanjihaken rembag kala rumiyin, menawi kepareng Thole Jatmika badhe ngajak rukunan Dhik Sekar.”

“Maturnuwun, perkawis dhenok Sekar mangga kemawon, kula nyekarep bocahe. Nuwun sewu niki larene nyipeng wonten kegiatan sekolah, kemah. Ethok-ethoke sampun mbantu-mbantu wonten SMP Bintang Jaya. Nyuwun sih samudra pangaksami dereng saget caos jawaban.” wangsulane bapake Sekar tanpa ewuhpekewuh, entheng tanpa sanggan.

Pakde Warno kang tanggap kahanan banjur pamitan. Sajerone ana dalan tekan ngomah aku kaya kami kakon mung meneng, rangucap apa-apa.

Esuke aku ditimbali Pakde diomongi yen pihak Dhik Sekar wis menehi jawaban intine ora nampa takjak rukunan. Aku njegegreg kekarepanku ora kasil. Ora kagambar sedhihe atiku, nganti bisa nangis. Kulawargaku rumangsa kewirangan marga tanpa alasan kang jelas. Wirang lan kuciwaku takgawa lunga adoh. Aku gage bali ana Kalimantan. Tanpa nggubris apa-apa, klebu surate Dhik Sekar kang dititipake Kang Fadlan. Atiku wus kadhung mubal marga tresna kang gedhe salah sumendhe tundhone dadi serik, atiku kena lindhu dadi mosak -masik.

Telung sasi ana Kalimantan rada lerem serik ati, tanpa mikir dawa aku nglanggati kersane kepala sekolahku kang ora taknyana uga duwe kersa arep ngepek mantu. Kaya-kaya kepengin males lara atiku, wirangku, nuduhake nek donya ora mung sak godhong kelor isih akeh wanita kang gelem takwengku, aku gage rembugan nemtokake lamaran sisan nikahanne cepet-cepet.

****

GothangPuluhan taun bebrayan karo Dhik Nurul ati luwih tentrem apa maneh ana Doni, anak lanangku kang lucu. Mung wae, sejatine atiku isih kelingan Dhik Sekar, mula yen wayah mulih riyaya ora lali mesthi takon kabare. Sawijine dina kang Fadlan menehi layang, layange Dhik Sekar kang dhisik ora takrewes. Layang gage takwaca. Surasane, nrenyuhake atiku. Rasa getun ora mbukak layang mbiyen tuwuh ana ati tanpa bisa didhelikake. Miturut layang kuwi sejatine Dhik Sekar ora nampik tresnaku ning malah kepengin bareng-bareng nyadharake bapake kang percaya gugon tuhon sing ora sakmestine. Gothang. Miturut Dhik Sekar aku ditampik merga kahanan wongtuwaku kang gothang, merga Bapak wis seda. Bapakne Dhik Sekar sajak keweden bakal ketularan gothang. Nuwun sewu nututi tilar donya. Saking wedine Dhik Sekar banjur diancam yen nekad rukunan karo aku bapakne arep krama maneh. Mangkono surasane layange Dhik Sekar, kejaba uga dheweke njaluk pangapura.

Barang wis kebacut, sik uwis ya uwis mangkono panglipure atiku sarehdene jodhoku wis pinesthi karo Dhik Nurul. Aku ora kena culika, khianati Dhik Nurul, hamung bisa ndedonga rina wengi muga Dhik Sekar enggal ketemu jodhone. Ora dadi prawan tuwa kaya cerkake. Cunthel. ❑-c

Pundong, 5 Agustus 2018, SMP N 1 Sanden.


[1] Disalin saka karya-tulis anggitane Kartika
[2] Wus nate den siarake ing layang-kabar “Kedaulatan Rakyat” edhisi Ngaad 09 Desember 2018

 

Sila Nilai-Bintang!