Juragan Ampyang

Karya . Dikliping tanggal 7 Oktober 2018 dalam kategori Budaya Jawa, Cerkak, Kedaulatan Rakyat

JEMUWAH Kliwon esuk kaya adat sabene, aku utheg ana pawon. Krungu adzan banjur sholat. Durung sida racikracik krungu lamat-lamat swara pengeras suara saka kadohan muni, Innalilahi… ngabarake ana lelayu. Nanging ora krungu sapa sing sowan marang Gusti. Durung sida mususi. Dumadakan ana lawang didhodhog. Sajak age-age olehe nothok. Lawang ngarep katon nyuwara Ngeek pratandha wus dingakake. Mas Wawan kang ana ruang ngarep ngaji sajake wis nampa tamu mau. Durung kober njenggelek saka mususi dumadakan Mas Wawan ngendika.

“Dhik, iki ana lelayu.”

“Innalilahi wainnalilahi rojiun, sinten Mas ingkang seda?”

“Lik Sinah,”.
Wangsulane Mas Wawan sajak groyok.

“Lik Sinah?.” Wangsulanku kaget setengah ora percaya.

“Sore mau aku isih pethuk Lik Sinah mulih nyambutgawe, Mas. Katon sehat, seger ”

“Iya, Dhik aku ya kaget ora percaya, ning piye maneh kabeh wis tekan wancine kudu ngono.”

“Nggih Mas, muga khusnul khotimah, Lik Triman, sabar kuwat ditinggali Rini lan Ragil kang isih cilik”.

“Aamiin..”. Aku karo Mas Wawan kompak ngamini. Banjur siap-siap menyang omahe Lik Sinah kang keletan rong desa saka ngomahku.

Tekan omahe Lik Sinah wis rame padha tandang gawe nyepakake ubarampe ngrukti jenazah sing wis bar disuceni. Rini kang isih bocah ora bisa nahan rasa sedhihe, katon kembeng-kembeng nangis dikancani tangga teparo karo Budhene. Dene Ragil kang isih polos murid TK malah mlebu-metu katon seneng njupuki mbanggula lan maeman. Durung ngerti tegese kelangan simbok. Aku banjur nyedhaki Rini, aweh panglipur karo tangga teparo liyane, sinambi ngronce kembang layon. Nanging Rini malah nangis sinambi kojah kaya-kaya nggetuni simboke, kang waras wiris isih enom kok wis dikersakake.

“Simbok ki sehat ora lara mung sambat wetenge ora penak, mula bubar ngisak sare. Kok jam telu biasane wungu nanging ora, takgugah. Hu..hu…”. Rini nangis gero-gero banjur ora eling ing ngarepe layone simboke.

Jam sepuluh layon disarekake. Ngelingi dina Jemuwah wektune mepet. Rini wis rada sareh bubar dijalukake banyu bening. Aku pamit bali sawise katon ora ana gaweyan. Kanthi niat sanja sasuwene pitung bengi.

***

Juragan AmpyangWis bubar pitung bengi saka sedane Lik Sinah, sirahku isih wae kepikiran guneme ibu-ibu kang takziah ana ing pojok kuburan. Ujaring kandha patine Lik Sinah dadi tumbal pesugihane juragane amrih rejekine mbanyu mili.

“Deloken jajal sesuk sedhela maneh rak mbanyu mili apa-apa teka dhewe. Wong wis bar dipakani. Sengkut le nggolek-nggoleke.” Mangkono omongane ibu-ibu kang takziah ana pojok kuburan.

Kamangka kang dikarepeke juragane ora ana liya Budhe Sastra Dinaya, ya budheku dhewe. Budhene Mas Wawan kang pancen sugih mblegedhu. Budhe Sastra duwe usaha maneka warna, nanging kang misuwur saka jaman biyen kondhange Budhe Sastra iku Juragan Ampyang.

Budhe Sastra wiwit enom gawe ampyang kanggo biyantu ekonomi kulawargane. Usaha ampyang antuk bantuan saka pemerintah sahengga dadi ngrembaka. Apamaneh sawise Budhe krama karo Pakde Sastra Dinaya kang makarya ana ing Bea Cukai usaha ampyang tambah panyengkuyung lan modal dadi tambah mekar. Saiki usaha ampyang saya maju karana diterusake putrane Budhe kang nomor loro, yaiku Sri Rejeki. Sri Rejeki oleh beasiswa S2 manajemen ana mancanegara banjur mulih mraktekake ilmune. Mula ora mokal yen usaha ampyang Budhe Sastra tansaya mekar kanthi modifikasi kang maneka warna. Pegawene akeh klebu Lik Sinah kang wis dadi tangan tengenne Budhe Sastra. Dene Lik Triman bojone Lek Sinah dadi sopir ana usaha Ampyang Sri Rejeki.

Miturut kabar kang sumebar. Lik Sinah akeh dibiyantu Budhe Sastra klebu nalika Rini arep mlebu sekolah perawat. Wragade dibantu lan diutangi Budhe Sastra. Ora mung Lik Sinah kang dibiyantu Budhe, prasasat kabeh pegawene padha dibiyantu amrih ora kacingkrangan. Kasunyatan kuwi mau dikabarake menawa sejatine kanggo nutup alane kulawarga Budhe Sastra kang dikabarake duwe ingon-ingon pesugihan. Kulawargane Lik Sinah dienggo jagan pangan ingon-ingone.

Kemis Wage kuwi Lik Sinah nemu dhuwit rong puluh ewu ana pawonne Budhe Sastra kang kanggo gawe ampyang. Kanca-kancane ditakoni ora ana sik rumangsa kelangan. Mula dhuwit rong puluh ewu banjur dinggo tuku es cam-cao kanggo tamba awak ngrungsang marga panas, gembrobyos. Es diombe bareng-bareng sa kanca. Wayah sore Lik Sinah mulih sawise rampungan. Olehe mulih rada keri amarga ditimbali Budhe karo Mbak Sri saperlu diwenehi bebungah lan oleh-olehe Mbak Sri saka Singapura. Tekan ngomah surup banjur adus ora nganggo wedang kaya adat sabene. Wayah Isak wetenge Lik Sinah krasa ora kepenak banjur dinggo turu. Kanyata Lik Sinah turu salawase.

Tilar donyane Lik Sinah kang klebu ndadak pas dina Jumat Kliwon, bubar nemu dhuwit seka nggone Budhe Sastra mau karo wong akeh dadi undheran crita kang maneka warna. Intine digathuk-gathukake karo kabar pating sruwing ngenani sugihe kulawarga Sastra Dinaya. Salah sijine kaya kang daktampa dene dikabarake yen Lik Sinah tilar donya jalaran kanggo tumbal ingoningone juragan ampyang.

Ndilalahe pas pitung dinane Lik Sinah, Budhe Sastra oleh hadiah Avansa saka Bank Mandiri. Dene Mba Sri antuk undian omah uga saka salah sawijine bank. Pancen ndrudhul rejekine kulawarga Sastra Dinaya bubar tilar donyane Lik Sinah. Rejeki liyane kang dadi kembang lambe yaiku usaha ampyange bakal antuk bantuan 1 milyar rupiah saka pengusaha mudha Singapura, kanthi pangajab ampyang bisa ngrembaka tekan njaban rangkah.

Kabeh mau nganti tekan patang puluh dinane Lik Sinah ubur dadi omongan. Kamangka kabeh mau ora mung tiba saka langit nanging diupadi kanthi niba tangi dening Mbak Sri. Amarga kapinterane dheweke bisa nekakake dhuwit lan nuwuhake tresnane priya mancanegara kang duwe usaha moncer ana Singapura, kang banjur menehi modhal kanggo investasi. Ngertine wong ndesa diwenehi brug pethutuk, luwih parah meneh dikira sing golek ingoningone.

Kang luwih wigati merga kabarkabar mau, Rini kang isih bocah dadi nglarang Lik Triman kerja ana daleme Budhe Sastra. Mesthi wae iki dadi masalah gedhe kanggo kulawargane amarga ora gampang golek gaweyan apa maneh kanggone Lik Triman kang mung lulusan SD. Kamangka saiki Lik Triman ijen golek sandhang pangan. Durung mengko urusane karo Budhe Sastra sarwa ewuh ora kepenak. ❑ – o

*****Cunthel****

Pandak, 7 September 2018

Penulis, Guru SMP N 1 Sanden, Bantul.


[1] Disalin dari karya Kartika
[2] Pernah tersiar di surat kabar “Kedaulatan Rakyat” edisi Minggu 7 Oktober 2018