Kembang Kampung

Karya . Dikliping tanggal 29 Oktober 2018 dalam kategori Budaya Jawa, Cerkak, Kedaulatan Rakyat

SRI kalebu durung suwe dadi randha. Durung genep rong sasi. Randha anyaran, ateges ana randha pitu ing kampung kuwi. Sri sakkancane sing padha-padha randha, padha gawe grup WhatsApp (WA). Saka grup sing dijenengi Kembang Kampung iku bisa padha ngetokake rerasan, reribet sing disandhang, bungah susahe dadi randha, lan liya-liyane.

Wong lanang sing japri WA-ne Sri uga lumayan akeh. Ana sing terang-terangan, ana uga sing ethok-ethok salah ngirim. Ana sing ethok-ethok nawakake barang, kayata mobil, lemah, perabot pawon. Ana sing ethok-ethok nyilih kompa motor sanajan ban motore ora gembos.

Gerdhu tansah rame. Saben wayah mesthi ana sing jagongan. Ndilalah papane ing pojokan dalan buntu. Ana omah lima jejer-jejer ing dalan buntu kuwi. Salah sijine omahe Sri. Dadine, sapa wae pawongan sing arep mara omahe Sri, mesthi ngliwati gerdhu nganti mentok dalan buntu.

***

Salah siji pawongan kampung, Eko uga wis sauntara suwe nyenengi Sri. Nanging, ya amung dibatin wae. Ora wani dilisanake. Ketok saben kepethuk, Eko amung bisa klincutan. Ora wani kumecap.

Nanging, suwalike, yen ora diwetokake saka dhasare atine, kok kayane tansah ngreridhu atine. Eko wonge pancen meneng. Alim. Yen akeh wong lanang padha ngandhakake Sri, Eko amung trima ngrungokake.

Sing gawe geger nalika akeh wong rerasan ing musala. Bubar salat Magrib, lha kok ndilalah takmire kelalen durung mateni loudspeaker. Kamangka padha lumayan banter anggone ngomongake Sri. Sanajan lawange musala ditutup lan dikunci saka njero, supaya padha lega nguntapake rasa, nanging swara sora keprungu tekan njaba.

“Ssst! Mandheg sik. Kayane swarane awake dhewe mlebu speaker,” kandhane Ripta, munggel ujarane liyane. “Ooh iya. Weee cilaka iki,” sumaure Setya.

Tenan. Ora let suwe keprungu swara rame saka njaba musala. Kasusul swara pating cruwil ana ing perangan lawang lan kaca cendhela musala.

“Bukak! Ayo, ndang dibukak!” swarane wong-wong wedok keprungu nembus lawang lan cendhela.

Wong-wong lanang sing nglumpuk ana njero musala padha kemropok, keweden bakale dikrawus bojone dhewe-dhewe.

“Pilih bukak saiki apa pilih ora takbukake lawang omah!” bengokane Dina, bojone Ripta.

Ripta enggal-enggal mbukak lawang musala. Sabanjure metu saka musala kanthi sirah ndhungkluk. Kasusul liyane. Ndhungklukake raine dhewe-dhewe, antarane wedi lan kisinan.

Sawetara iku, para randha sing mlebu grup Kembang Kampung ndilalah nembe padha nglumpuk ing omahe Sri. Para randha iku padha cekikikan. Sanalika uga padha bisik-bisik karo nginjen saka sela-selane korden. Randha cacah pitu iku padha nggeguyu polahe wong lanang sakkampung sing kejodheran bojone dhewe-dhewe.

***

Pokale bapak-bapak sing gawe isin bojone dhewe-dhewe iku dadi omongane Eko karo Mita, bojone. Mita ngalem Eko sing ora melu-melu ngrasani tanggane sing randha. Pancen ngisin-isini tenan menawa dirungokake. Sanajan mongkog amarga bojone ora melu-melu ngrasani lan ora gawe isin dheweke, Mita bisa ngrasakake menawa bojone duwe rasa marang salah sijine randha, yaiku Sri. Atine Mita bisa melu ngrasakake sepira tuwuhe rasa tresna Eko marang Sri. Mulabukane saka obrolane Eko karo Mita. Udakara rong minggu kepungkur wong loro padha krungu ceramahe ustad ing musala. Swarane sora saka loudspeaker, ngandhakake menawa poligami kuwi dikeparengake miturut agamane sing direngkuh dening Eko lan Mita. Yaiku, menawa kahanane kulawarga wis mapan, luwih saka sandhang, papan,lan pangan. Ateges, sakabehe kebutuhane bebrayan wis ngluwihi. Saengga dhuwite sing turah bisa kanggo nyukupi butuhe bojo enom. Ananging, uga ana wanti-wanti, yen durung becus babagan ngluwihi butuhe kulawarga, aja pisan pisan wani nyimpen niyat utawa ngimpi duwe bojo maneh. Eko sarujuk. Mita uga ngrumangsani menawa bojone pancen luwih saka sembada anggone bisa nyukupi butuhe kulawargane. Mula dheweke diarani ora bisa sulaya utawa mbantah menawa Eko wis mantep bakale mbojo Sri.

“Njenengan apa ya wis nate nembung utawa yen jarene bocah enom saiki, nembak marang jeng Sri ta, Mas?” pitakone Mita njajagi bojone.

“Ya yen terang-terangan durung. Jare awakmu aku ora oleh backstreet.

“Ya wis njenengan gawe grup wong telu. Aku, njenengan, karo jeng Sri.”

“Lho? Tenan iki?”

“Ya tenan. Ning aja coba-coba backstreet lho ya?“ wangsulane Mita rada ngincim.

“Tegese, awakmu sarujuk ta?”

“Ya durung. Critane amrih padha ngertine. Padha tepunge. Ora digawe-gawe.

Wis, pokoke aku mengko sing mara omahe jeng Sri karo nawakake dheweke supaya gelem melu grup.”

“Dijenengi apa grupe?”

“MES.”

“Apa kuwi?”

“Mita, Eko, Sri.” Sanalika Eko krasa kemepyar. Ora nyana bakale gamping banget ngerih-erih atine Mita.

***

Kembang KampungWayahe gilir gumanti. Ora krasa wis mlebu selapan dina grupe MES lumaku. Swasana atine Eko, Mita, lan Sri padha ayem. Uripe kulawarga kuwi katon tentrem. Eko sregep ngirim video, poto, lan tulisan sing nggambarake kulawarga poligami sing rukun, anteng, ora congkrah. Kepara, Eko wis cepak-cepak bakale sida nglamar Sri lan ijab limang sasi maneh.

Rasa tresnane Eko tansaya tambah gedhe disokake marang Mita. Ndilalahe rejekine Eko uga tansaya tambah akeh. Nanging, sejatine ana sing diampet dening Eko. Dheweke didhesek Sri supaya enggal-enggal nglamar lan ngijabi Sri. Kesuwen yen nunggu limang sasi maneh. Saben dina Sri japri WA-ne Eko, njaluk supaya lamaran lan ijabe dicepetake.

Eko ora bisa endha. Ya wis, kepriye maneh. Kudu diblakakake. Wayahe sore nyedhaki Maghrib. Eko nyedhaki Mita, “Anu, Mita, jeng Sri njaluk dicepetke lamaran karo ijabe,” bisike kanthi ngati-ati.

“Ha?! Apa?!” sora swarane Mita, “Ora bisa. Wis batal wae. Njenengan wis nyalahi janji. Aja backstreet. Japri kuwi tegese backstreet. Durung apa-apa kok wis main nang mburi. Ora!”

Eko sanalika lemes kaya wayang ilang gapite. ❑-e

Yogyakarta, September 2018.


[1] Disalin saka karya R Toto Sugiharto
[2] Tersiar ing layang-kabar “Kedaulatan Rakyat” edhisi Ngaad 28 Oktober 2018