Klakson

Karya . Dikliping tanggal 21 Januari 2019 dalam kategori Budaya Jawa, Cerkak, Kedaulatan Rakyat

SABEN liwat brug Kalilongkrang, bojoku mesthi ngongkon kon ngonekna klakson. Mbuh kuwe lagi montoran apa mobilan. Apa maning angger liwate kono wayah mbengi. Klakson wajib njegog. Aja ngasi ora. Jarene pamali. Nek ora nglakson mbokan dadi cilaka. Mbuh kuwe tabrakan apa kecemplung maring kali.

Angger nyong takon nang ngapa kon nglakson nang kono, semaure bojoku mung sethithik.

“Ora usah takon, kari dilakoni si ngapa. Ora abot mbok mencet klakson.”

Nyong sing pendatang nang desa kene ya klakep krungu semaurane bojoku. Manut bae tombol klaksone tak pencet nganggo jempol tangan kiwe.

Jare wong tuwa gemiyen, nang kono nggone angker. Ana sing nunggoni. Cokan ngledheki ngasi nyilakani wong sing liwat kono.

Tau sewijine dina sepuluh taun kepungkur, Kaki Mad Pingi jamane esih durung tuwa banget, tabrakan montor nang kono kambi wong seka desa liya. Sikile sing tengen tugel, jenthik sikil tengen tugel ngasi ilang, awake babak bunyak kebek tatu. Bosa detakoni pas nang rumah sakit, jarene pas liwat kono kelalen ora nglakson. Sing nabrak, jarena uga ora nglakson. Dadine tabrakan. Bar kuwe, warga sekiteran kono dadi tambah yakin nek nang brug kono pancen ana lelembut sing nunggu. Ora seneng nek montor liwat ora nglakson. Untung bae Kaki Mad Pingi ora mati.

Semana uga Kang Dul Ngamad. Sewijine mbengi ya ngguling seka montor pas liwat brug Kalilongkrang. Jalaran seka ngarep ujug-ujug menthungul montor liwat. Kang Dul Ngamad sing mandan ora pinter montoran gedandapan banjur kradak nggusrak nang papringan jejer brug. Lah montor sijine bablas bae. Untunge bae let ora suwe ana montor liya liwat sing nunggang weruh Kang Dul Ngamad lagi ngrungkeb awake cemanthel nang wit pring. Banjur sing nunggang montor kuwe mandheg, mudhun lan nulungi Kang Dul Ngamad.

“Mau kelalen ora nglakson, lah seka ngarep ujug-ujug ana montor menthungul. Nyong kaget dadine nganjab wit pring,” ujare Kang Dul Ngamad karo pringis-pringis nahan lara nang amben ruangan priksan pak mantri kesehatan desa.

“Mulane kang, nek liwat brug kono aja kelalen klakson. Wis genah ngerti nggon kono toli ana penunggune. Nglakson, njaluk permisi,” ujare Mbekayu Dilem, bojone Kang Dul Ngamad.

***

Brug Kalilongkrang jane anu udu brug sing gedhe, kaline be paling ambane mugur telung meter. Ningen dalan sing arah maring brug kuwe mau nikung banjur turunan, seka arah lor utawa kidul padha bae. Dadi brug kuwe posisine kaya nang cekungan.

Pancen nang sekitar kono deyakini ana lelembut sing nunggu. Soale ganu jaman semono tau ana gadhis sing mati kendhat. Jalaran detinggal mbojo karo wong liya nang lanangane. Padhahal wong bocah wadon kuwe lagi njembling wetenge, isi bayi sekepel. Jare arwahe bocah wadon kuwe gentayangan dadi medi kuntilanak. Jere ana sing cokan weruh medi kuwe lagi thongkrongan nang wit dukuh, uga ana sing cokan weruh lagi mabur kiter kaya helikopter nang ndhuwur wit besika.

Nah, jere wong sekitar kono, angger ana wong liwat utamane sing nunggang montor kudu nglakson. Carane ndherek langkung alias permisi. Lah nek klaksone wis moni jare, medi kuwe ora ngadhang ngledhek utawa gawe cilaka.

Ningen mbuh kuwe mau ngasi seprene esih jere. Jalaran nyong kawit dadi warga desa kene limang taun kepungkur durung tau weruh acan wujude kaya ngapa. Tur maning nyong kan wonge ndableg lan mandan ngandel mandan ora karo babagan kaya kuwe.

Nyong sing kerja dadi tukang kredhit kiteran pancen saben dina mesthi bali mbengi. Mesthi bali liwat brug Kalilongkrang. Soale angger liwat gili liya, dadine muter tambah adoh. Pancen nang brug kono angger mbengi peteng. Apa maning kiwe tengene alas kebon.

Saben liwat brug Kalilongkrang, nyong ya manut omongane bojone. Nglakson montor. Din sepisan nek ora din pindho. Kadangan nyong ya ora mudheng nang ngapa kudu nglakson. Kan langka hubungane suara klakson karo medi.

Nek liwat kono cokan nyong ngledhek ngonekna klakson ora mugur sepisan pindho, ningen ngasi ping 20. Din.. din… din.. kaya wong pawe. Bali tekan omah ya alhamdulillah ora papa. Cokan ya nyong ora nglakson, ampleng bae. Ya alhamdulillah slamet tekan omah ora cilaka.

***

Mbengi kuwe udan mandan banter. Jam meh setengah sewelas wengi. Nyong bali telat jalaran ana lemburan laporan nang kantor. Ndilalah bae wis rong wulan montorku ora takservis. Lampune mandan mblerek, klaksone cokan moni cokan ora. Kayonge akine wis njaluk deganti. Nyong montoran mandan alon, soale helme uga mandan bures. Klambine njero wis teles, cempuleke banyu udane nembus mantol.

Kaya biasa nyong ya alon liwat Brug Kalilongkrang. Seka ndhuwur sedurunge brug wis menceti klakson ningen ora moni. Gutul brug, kari manjat. Ujug-ujug seka ngarep, bar tikungan ndhuwur ana montor menthungul. Lampune saking padhange cemlorot nang mripat. Nyong ya merem, wong sirung. Nah bosa melek, montorku cempuleke wis mudhun seka aspal gili. Tanganku ngerem ningen ora gutul, montore akhire bablas maring alas pekarangan. Slogrong nggusrak nang wit besika. Nyong merem maning.

Esuk-esuke nyong tangi, cempuleke wis nang IGD rumah sakit kota. Lengene diinpus. Sirahe bengel abot pisan. Bosa demek, wis ana perban nggo nutup jaitan. Balunge kayong lara kabeh ngrememeh. Dhengkule mlothas. Bojoku sing njagong nang pipir amben mesem jan ayu pisan.

“Wis sadar pak? Bisane njungkel nang alas Kalilongkrang si priben?” pitakonane bojoku.

“Klaksone mati, lampune mblerek. Bosa manjat nang anjatan, seka ngarep tikungan ana montor lampune cemlorot sirung. Ngerti-ngerti nyong wis nggusrak nang kebon. Lah siki tangi-tangi nang rumah sakit malah.”

“Mulane pak montore dibenerna, klaksone dibenerna. Cokan bapake ora gelem nglakson nang kono. Mulan aja ngeyel angger diomongi. Nyong toli duwe alasan sing ora perlu dijelasna,” ujare bojoku.

“Iya lah mak. Lagi lara-lara malah deomahi. Eh, kayonge pas arep semaput, nyong weruh wong wadon enom mlaku apa ya? Aja-aja..” ujarku ngledhek bojoku.

“Wis.. wis aja crita sing ora-ora. Nyong mengko tambah kesuh lho!” bojoku mripate mendelik, tangane nyiwit lengenku.

Nyong mesem karo mringis-mringis kelara-lara. Karo mbatin, aja-aja pancen nyong weruh wong wadon nang Kalilongkrang pas arep semaput kuwe. ❑-c

Ngisor Gunung Slamet, Purbalingga 2018.


[1] Disalin saka karya-tulis anggitane Ryan Rachman
[2] Wus nate den siarake ing layang-kabar “Kedaulatan Rakyat” edhisi Ngaad 20 Januari 2019