Witing Klapa, Ngemu Carita Sujarah

Karya . Dikliping tanggal 17 Desember 2018 dalam kategori Budaya Jawa, Kedaulatan Rakyat

SALAH setunggale tembang kang kondhang/- kawentar rikalane jaman penjajahan kolonial Walanda saengga awal kamardikane Negara Kesatuan Republik Indonesia, yaiku tembang Witing Klapa. Tembang iki awujud saloka kang nyaritaake kahanan nyata (kasunyatan) ing jaman bedhahe kraton Surakarta rikala kabagi loro, yaiku dadi Kraton Surakarta lan Lraton Ngayogyakarta, saka asil kesepakatan Giyanti (Perjanjian Gianti, 1755) antarane Kumpeni Walanda kang diwakili dening Gubernur Jenderal Nicolaas Hartingh lan Sultan Hamengku Buwana (Pangeran Harya Mangkubumi).

Kang diarani saloka iku tetembungan kayadene paribasan utawa bebasan, nanging ngemu surasa pepindhan kang angel banget digagapi maksude, saengga kudu kajarwakake kanthi premana tembung siji lan siji liyane utawa gegandhengane karo tembung liyane.

Saloka iku kalebu ewone tembung entar (silihan), kang unen-unene ora kena owah, tegese ora bisa diganti, kudu ajeg panganggone, sarta mawa surasa pepindhan. Sing dipepindhanake iku wonge, katut runtut uga wewatakane utawa kahanane wonge uga melu kasebut. Nanging sing luwih ditengenake wonge. Mulane tembung kang isi pepindhaning wong (barang) dumunung ana ngarep dhewe.

Tembang saloka Witing Klapa iku unine mangkene: Witing klapa, jawata ing ngarsa pada, saklugun wong wanita, dasar nyata ingkang sampun njajah praja, ing Ngayogya Surakarta.

Saloka dhuwur iku yen ditegesi mawa dijarwaake, maknane mangkene:
Wit klapa iku jenenge glugu, jawata ing ngarsa pada iku jenenge ratu. Dadi maknane: Salugune sing dadi ratune (Tanah Jawa) iku wong wedok. Pancen nyata, Ratu Wanita, kang rikala iku njajah praja Ngayogyakarta lan Surakarta; yaiku Ratu Negari Walanda, Wilhelmina.

Emane, ing masyarakat Jawa akeh kang kleru pamacane. Tembung kala (rikala, jaman semana) kleru pangucape dadi kula (aku), kang andadekake adoh klerune saka teges carita sejarahe Tanah Jawa kang sinawung dadi tembang saloka iku mau.

Conto liyane, carita sujarah kang sinawung ing tembang saloka yaiku sujarahe Jaka Tingkir sadurunge dadi putra mantune Sultan Demak Trenggana. Tembang saloka iku unine mangkene:

Sigra milir, sang gethek sinangga bajul, kawandasa kang njageni, ing ngarsa miwah ing pungkur, tanapi ing kanan kring, sang gethek lampahnya alon.

Yen diwaca kanthi wantah (salugune), ya hamung kaya nyaritaake Jaka Tingkir ngalahake Ratu Baya (bajul) saandhahane kang nguwasani Kedhung Srengenge, rikala lampahe Ki Jaka Tingkir saka Banyubiru nuju kraton Demak. Sauwise entuk wahyu kedhaton, rikala bengi iku nginep ing tlatah sadhuwure Kedhung Srengenge, esuke banjur kadherekake dening para bajul kang wis dadi andhahane, yaiku: kanthi nurut ilining banyu, Jaka Tingkir nitih gethek kang disangga dening baya, lan dijageni dening 40 baya, kang ngubengi ana ing ngarep-buri, lan kiwa-tengene gethek. Kanthi alon-alonan ora kesusu.

Sayektine saloka iku yen ditegesi mawa dijarwakake, maknane magepokan karo lelakone Ki Jaka Tingkir kang tembe buri bakal dadi Ratune kraton Pajang. Pepindhan ‘sang gethek’ iku tegese ‘sang calon pemimpin’. Dene ‘bajul’ iku sayektine saka tembung ‘bajuldharat’ alias para pembrontake kraton Demak. Ontran-ontran ing kraton Demak antarane para putra-wayahe Sultan Trenggana, bisa densirep dening Ki Jaka Tingkir kang sinengkuyung dening 40 klompok ‘bajul-dharat’ kang ngepung sakubenge praja kraton Demak. Dipadhegani dening para mitra-tuhune Ki Ageng Pengging lan Ki Ageng Tingkir, yaiku Ki Banyu Biru, Ki Getas Pendawa, Ki Ageng Sela, lan Ki Ageng Butuh. Kabeh asal saka lan turunane punggawane kraton Majapahit, kang kentir utawa ngungsi menyang Kadipaten Pengging, dadi sentanane Adipati Andayaningrat, putra mantune Brawijaya V, rikala jaman kraton Majapahit kabedhah dening Raden Patah 1400 Saka. ❑ – o


[1] Disalin saka karya Budiono Herusatoto
[2] Wus nate den siarake ana ing layang-kabar “Kedaulatan Rakyat” edhisi Ngaad 16 Desember 2018

Sila Nilai-Bintang!