Wong Wadon sing Nyipta Kali ing Awake

Karya . Dikliping tanggal 22 Oktober 2018 dalam kategori Budaya Jawa, Cerkak, Kedaulatan Rakyat

ANGENE wong wadon iku tumlawung adoh. Nggagas ngremite panguripan sing tansah glibedan ing pikirane. Panguripan sing wis dilakoni bareng bojo lan anak loro sing wayahe kemragad. Panguripan sing ora bisa ditinggal mlayu ngono wae.

Ngelingi ngremite panguripan ing saben dinane sing kudu dilakoni lan dirasakake, kaya-kaya dheweke kepengin mlayu sing adoh. Mlayu saka jejere wong wadon sing satemene kudu wani ngadhepi kahanan apa wae bareng anak lan bojone.

Sapletik pepenginan sing kaya ngono mbokmenawa wae kagawa kahanan sing kudu ditampa lan ngebot-boti pikirane. Bojo sing samesthine bisa dijibake lan dijagakake nyukupi kabutuhane kulawarga ing saben dinane saiki wis adoh sungsate karo biyen. Wong lanang sing wis dadi pilihane ati iku saiki wis ora bisa dicekel gawene. Akeh nganggure ana omah sawise kena komplikasi ginjel lan jantung.

“Kaya ngapa kahanane mengko bakal daktampa. Bungah susah dirasakake bebarengan.”

Nanging kelingan tembung sing nate diucapake nalika arep dilamar wong lanang sing saiki wis menehi anak loro iku njalari dheweke kudu mikir bola-bali yen kudu mlayu saka kahanan sing kudu diadhepi. Kepriyea wae dheweke ora gelem diarani yen janji lan prasetyane mung lamis. Suthik dicap minangka wong wadon sing mung golek kepenake dhewe. Ora ngerti bot karepotane wong omah-omah.

“Ahh….”

Wong wadon iku saikine nggresah. Panyawange lumepas nrabas wit-witan sing ana plataran omahe, nanging ora suwe. Dheweke banjur menyat saka anggone lungguh ing emper omah. Sikile diangkat alon-alon, banjur mlaku ninggalake omahe. Ora ngreken bojone sing lagi klekaran ana jero omah.

Jangkahe wong wadon iku saikine wis tekan pinggir kampung. Karo ngadeg ing sangisore wit trembesi sing lumayan gedhe, panyawange tumancep marang prenahe kali sing ana ngarepe. Kali sing lumayan gedhe lan ora bisa dipisahake karo urip lan panguripane warga ing kampunge.

Embuh apa jalarane sawise sawetara wektu suwene nyawang gumelare kali, wong wadon iku banjur mesam-mesem dhewe. Esem sing sajak ngemu kabagyan. Kaya-kaya nalika mripate tumancep marang kali iku, ana rasa trecep-trecep anyep sing mili ing atine.

Wong wadon iku terus mesem. Luwih-luwih nalika nyawang wong-wong sing ana saurute kali; embuh iku lagi njaring iwak, mancing, gogoh wedhi, langen lan sapanunggalane kaya-kaya bisa aweh panglipur sing tanpa kanyana. Ruwet-rentenge pamikir ing satengahe panguripan sing kudu ditemahi bisa wudhar kanggo sawetara.

“Kali pancen murakabi. Senajan saben dina dijaring iwake, dijupuki wedhine utawa dianggo adus lan langen parandene tetep ora owah, wujude ajeg,” batine wong wadon iku muni dhewe.

“Upama aku bisa nyipta kali ing awakku, mendah senenge. Bisa menehi kasenengan utawa kabagyan marang wong akeh,” angene wong wadon iku mlesat sansaya adoh nalika nyawang kali ing ngarepe.

***

Wong Wadon sing Nyipta Kali ing AwakeWektune mlaku alon, nanging ajeg. Wong wadon iku saikine klakon nyipta kali ing awake. Kali sing maujud jumbuh karo kekarepane. Kali sing pancene dicawisake kanggo wong-wong sing merlokake. Ora nyawang tuwa, ora ndeleng enom. Sapa wae sing kepengin nyemplung utawa dolanan ing kali, disekarep. Kapan wae, ora milangi wayah.

Senajan akeh sing alok lan duwe panemu wernawerna ngenani kali iku, dheweke ora preduli. Ora nggagas unine liyan. Sing wigati, angger bojo lan anake ora ngerti ngenani kali ing awake, ateges ora ana tandha-tandha kiyamat mungguhe dheweke. Aman. Karo maneh kanthi kali ing awake sing sengaja digawe wewadi marang kulawargane, bot-bote kanggo ngudhari ruwet-rentenge panguripan ing padinan sing kudu ditemah lan dirasakake.

Ing sisih liya, satemene ana rasa seje sawise wong wadon iku klakon nyipta kali ing awake. Rasa sing ora dikarepake nalika kali iku digunakake wong liya. Nanging kepriye maneh, kali iku kadhung ana lan gelem ora gelem rasa apa wae kudu ditampa senajan pijer nahan mblebere eluh sing sabensaben arep wutah saka tlapukane mripat. Wong wadon iku tetep nyoba ngronce pamikiran sing realistis, apa anane. Dheweke kudu bisa urip ing satengahe kahanan sing ngewuhake.

Wis ora kepetung maneh kali ing awake wong wadon iku digunakake wong akeh. Embuh sing mung kepengin mancing, njaring iwak, langen, gogoh wedhi lan sapanunggalane. Dheweke mung bisa pasrah nalika kali ing awake digunakake wong liya.

“Wiwit kapan anane kali ing awakmu?” pitakone sawenehe wong lanang ing sawijining wektu.

Wong wadon iku sakala kaget krungu pitakonan kaya ngono. Mung panyawange sing katujokake marang wong lanang sing ana cedhake.

“Wiwit kapan?”

“Wis sawetara wektu,” ucape wong wadon iku lirih, sajak kedher.

“Geneya kowe nganti nyipta kali ing awakmu?”

Wong wadon iku ora gagegage semaur. Panyawange bali katujokake marang wong lanang sing ana cedhake. Nanging ora suwe, banjur tembunge, “Mung kagawa kahanan.”

“Kagawa kahanan?”

“Aku ora sanggup ngindhit abote sesanggan sing kudu daklakoni lan dakrasakake ing saben dina. Sawise bojoku kena komplikasi ginjel lan jantung, dheweke wis ora bisa nyambut gawe kaya biyasane. Kamangka sing jenenge kabutuhan ing padinan kudu diwujudi.”

Wong lanang iku mesem. “Apa iki dalan sing mbokanggep trep kanggo nguculi sawernane sesanggan?”

“Sejatine ora. Akeh dalan utawa cara kanggo nguculi sawernane sesanggan.”

“Nanging geneya kowe milih cara iki?”

Wong wadon iku ora kumecap. Eluh sing kawit mau kembeng-kembeng ing mripate saiki ambrol dadi tangis.

***

Wayah esuk, nalika anake loro wis mangkat sekolah lan bojone pamit menyang tegal niliki tanduran, wong wadon iku milih lungguhan ing emper omah. Pakaryan sing biyasane ditindakake ing wayah esuk; kayata umbahumbah, isah-isah lan sapanunggalane kabeh ditinggal semprung.

Angene wong wadon iku tumlawung adoh. Mikir kali ing awake sing wis sawetara wektu ora bisa uwal saka jangkah lan napase. Kali sing wis nggawa crita seje mungguhe uripe. Kali sing tansah disingidake saka anak lan bojone.

“Ohh….”

Wong wadon iku unjal ambegan dawa. Pikirane uleng dhewe nggagas tata gelare panguripan sing kadhang kala ora kaya sing dikarepake. Panguripan sing menehi werna putih lan ireng, ala lan becik, nanging nyatane angel dibedakake.

“Apa kali ing awakku bakal terus ana lan kanggo nyenengake wong-wong sing mbutuhake?” batine wong wadon iku saikine takontakon dhewe. Dhadhane dumadakan krasa sumengkrang, ngelingi lelakon sing wis disandhang.

Wong wadon iku banjur tumungkul. Panyawange tumanjem marang jobin plesteran, sawetara suwene.

“Ora, ora! Aku ora bisa terus-terusan kaya ngene. Kali ing awakku kudu dakilangi. Aku ora bisa terus ngumpetake wewadi iki marang bojo lan anak-anakku,” ucape lirih semu kedher.

Bubar ngucap kaya ngono, wong wadon iku banjur jenggirat menyat saka anggone lungguh ing emper omah. Mlayu menyang kamar lan awake banjur dibrukake ing kasur. Sing ana ing pengangene mung kepengin cepet-cepet ngilangake kali ing awake. Dheweke kepengin bali maneh dadi wanita sing wutuh. Wanita sing wani ngadhepi kahanan apa wae. Wanita sing digaris kudu ngadeg jejeg ing satengahe panguripan sing kadhang kala nyebal saka kekarepan. ❑ – c


[1]Disalin dari karya Irus S Budianto
[2] Pernah tersiar di surat kabar “Kedaulatan Rakyat” Minggu 21 Oktober 2018